Jaka Tarub
BABAK 1
Para Nawang lagi guneman ing
kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang
Sekar : “Ayo para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang :
“Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Sari
: “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang,
Sekar : “(nggawa slendhange) Ayo....”
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Seka :
“Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari : “Iya,
bening banget”
Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan
ngintip para Nawang.
Jaka
Tarub : “(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang. Supaya
bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka
Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae
wes.”
Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang
dewe-dewe.
Nawang Sari : “Ayo
padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar
: “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh”
Nawang Wulan :
“(bingung tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?”
Nawang Lintang:
“Iku mau kowe seleh ngendi?”
Nawang Wulan :
“(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
Nawang
Sari : “Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu
Nawang Wulan?”
Nawnag Lintang : “Aku
ora ndeleng ana manungsa liwat.”
Nawang Sekar
: “Piye iki, langit wis arep peteng.”
Nawang
Sari : “Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal
ditutup”
Nawang Lintang : “Yen
ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal
nyusul kowe”
Nawang Wulan
: “Inggih, Mbakyu.”
Nawang
Sari : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih
menyang kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang Wulan
: “(susah ) Ana ngendi slendhangku ya?”
Jaka
Tarub : “Geneya kowe kok sedhih
banget?”
Nawang Wulan
: “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka
Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa
kulon. Sapa jenengmu?”
Nawang Wulan
: “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku”
Jaka
Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep
ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhangmu kuwi”
Nawang Wulan
: “Wah...matur suwun Jaka Tarub”
BABAK 2
Seminggu Nawang Wulan
ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika,
Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang
Wulan.
Jaka
Tarub : “Dinda, Akang budal menyang
alas sek ya!”
Nawang Wulan
: “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang
Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan
: “(nangis) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka?”
Wayah surup Jaka Tarub
mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan lagi nangis.
Jaka
Tarub : “Ana apa, Dinda?”
Nawang
Wulan : “(nduduhake slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?”
Jaka
Tarub : “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang
ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang
Wulan : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora
bisa ing kene terus”
BABAK 3
Para Nawang ing
kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun
ing bumi nyusul Nawang Wulan.
Nawang Lintang :
“Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan”
Nawang
Sari : “Ayo dulur, mudun menyang bumi
nyusul Nawang Wulan”
Nawang
Sekar : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”
BABAK
4
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.
Nawang Sari
: “Nawang Wulan, ayo kowe bali.”
Nawang
Lintang : “Kowe aja percaya marang manungsa kuwi”
Nawang
Sekar : “Ayo dulurku”
Nawang
Wulan : “Inggih mbakyu”
Jaka
Tarub : “(nangis) Dinda,
kowe aja bali”
TAMAT
0 komentar:
Post a Comment